Cerito Cekak Boso Jowo : Sambel

27 Agustus 2017 11:29:37 WIB

Risti mesem sumringah. Mripate nyawang sing lanang kanthi kebak tresna.

“Ketoke iki luwih kandel tinimbang biyasane, Mas,” aloke karo nampani amplop werna soklat saka tangane sing lanang.

"Iya. Ana tambahan saka lemburanku sajroning limang dina. Digamblokake Ing kono pisan". Risti mbukak segel amplop lan nginjen Isine. Ah, mosok iya? Batine semu ora percaya. Sebab dhuwit sing ana njero amplop kuwi ketoke jumlahe lumayan akeh. Tinimbang penasaran, isi amplop banjur didudut, diwetokake.

Wow...mripate Risti sakala mlorok bareng mangerteni tumpukan dhuwit werna abang sing saiki ana ing gegemane kuwi.

"Kok akeh banget, Mas? iki tikel tekuk tinimbang adate. Wah, duwe bos loma kaya iki rasane ya seneng", aloke kanthi rai sing luwih sumringah. Eseme kutah, mripate gilar-gdar, nyawang marang sing lanang kanthi kebak rasa maturnuwun.

Baskara, bojone Risti, atine angluh weruh reaksine sing wadon sawise nampa amplop kuwi Rasane ora tega arep ngandhakake kang sanyatane. Ora tega ngrusak kabagyan sing dikatonake kanthi ngegla dening Risti, Nanging iki kudu dikandhakake. Risti kudu ngerti, supaya ora kaget mengkone. Sebab sawise nampa dhuwit kuwi Baskara ora ngerti sesuk nasibe bakal kepriye. Apa besa cepet oleh gaweyan maneh, apa kudu ngalami paceklik dawa kaya sadurunge?

“Dhuwlt sing ana tanganmu kuwi, kejaba saka tambahan lemburanku, ana tambahan taliasih saka perusahaan, kandhane Baskara kanthi abot. Merga wiwit sesuk dheweke bakal bali dadi pengangguran maneh, awit perusahaan konstruksi sing nggunakake tenagane kontrake wis entek lan Baskara durung duwe gambaran kapan bakal ana gaweyan maneh.

Risti mlengak krungu kandhane sing lanang. Mripate sing maune katon gilar-gilar Iangsung mbleret. “Kuwi ateges” swarane kaya katekak ing gulu. Risti ora kuwawa nerusake pitakone.

Baskara tanggap marang arah pitakonane Risti sing ora diterusake. Wong wadon kuwi banjur dirayuk lan dikekep kekep.

“Wiwit sesuk aku bali dadi pengangguran maneh, Nanging ra sah dipikir adoh, saora-orane awake dhewe isih duwe cekelan. Biyen kita ya wis tau ngalami sing luwih pait saka iki, pranyata kita sanggup ngliwati. Saiki, saupama awake dhewe kudu ngalami kedadeyan kaya kuwi maneh, saora-orane wis ana pengalaman, dadi luwih gampang anggone nyikapi,” kandhane Baskara karo ngelus-elus rambute sing wadon.

Risti kaya diosikake. Dheweke nyoba uwal saka kekepane Baskara. Wong loro banjur lungguh adhep-adhepan ing kursi ruwang tamu ngrangkep ruwang kulawarga kuwi.

Mripate Risti sing mau kober mbleret sedhilut, saiki wid bali sumunar maneh. Senajan ora nganti gilar-gliar kaya dhek nalika nampani amplop saka sing lanang.

“Perasaanku saiki wis netral kok Mas. Mau pancen rada kaget nalika njenengan aweh tengara manawa iki mujudake amplop pungkasan,” kandhane Risti karo ngangkat amplop sing dicekel lan mesem ngujiwat marang Baskara. Nakyinake marang priya iku manawa dheweke ora apa-apa.

“Ya syukur yen ngono. Aku seneng yen awakmu wis bisa mesem maneh kaya iku, Baskara nimbangi mesem, banjur ngrangqeh koran ing ngarep. Atine rumangsa ayem, sebab Risti bisa nampa kanyataan sing bakal diadhepi.

Risti ora nanggapi kandhane sing lanang. Angen-angene mencolot ing mangsa kawuri, nalika kudu ngadhepi kanyatan sing pedih. Sing lanang di PHK tanpa pesangon merga perusahaan papane nyambutgawe pailit. Wis ngono, kartu jaminan sosial saka perusahaan uga ora bisa langsung dicairake merga meh setaun perusahaan nunggak setoran menyang pihak asuransi. Bisa dibayangake kaya apa kontrang-kantringe Risti, dheweke nubras-nubras, golek Sebrakan menyang ngendi-endi kanggo nyambung urip. Tangga kiwa tengen wis kemput diutangi, kanca-kanca sasate meh kabeh wis ditembungi. Yen mung disepelekake dening liyan, kuwi wis sega jangan.

Awal-awal rasane ya nelangsa, nanging suwe-suwe kulina. Dadi apa wae aloke tanqga ora tau dilebokake ati.

Saiki yen kudu ngalami paceklik maneh Rsti pasrah. Saora-orane dheweke bakal luwlh tabah. Nanging ora. Aja nganti kuwi dumadi. Dadi wong winates iku ora kepenak. Tindak satindak rasane sarwa salah. Dheweke kudu mbudidaya uwal saka kahanan sing ora nyenengake iku. Ing tangane saiki ana dhuwit sing jumlahe lumayan, ditambah simpenan saka asile nyelengi sajroning pitung sasi, sasuwene sing lanang nyambut gawe melu proyek, dadi mandhor. Yen kabeh digunggung, dadine luwih saka lumayan. Saora-orane kuwi bisa dianggo pawitan bukak usaha.

Nalika gagasane kuwi diandharake marang sing lanang, tumanggape Baskara pranyata ora kaya sing diarep-arep.

"Kowe arep usaha apa kanthi pawitan samono kuwi?

“Sambel” Wangsulan kuwi mrucut ngono wae saka lambene Risti awit kelingan yen Baskara seneng sambel.

Baskara nyawang sing wadon. Mau ne dheweke arep ngguyu krungu idhene Risti sing arep bukak usaha gawe sambel kuwi. Ning ora sida. Sumelang yen Risti kesinggung.

“Kowe serius?” pitakone karo nyelehake korane.

Risti manthuk mantep.

"Apa alasanmu kok milih sambel? Upama bener kowe pengin bukak usaha, pilihan liyane rak akeh.”

"Alasanku akeh. Pengin ngerti?”

"Heem.."

“Sepisan, racake wong Indonesia Seneng karo sing jenenge sambel. Kaping pindho, gawe sambel ora perlu modhal gedhe, nanging bathine kena dijagakake.

 Kaping telu, sambel akeh jinise lan bahane gampang golekane, ning ora saben wong bisa gawe sambel. Kaping papat, sambel gaweyanku wis diakoni yen enak ..“ Risti mesem nakal marang sing lanang.

Baskara rasane kaya dientup kalajengking krungu kandhane Risti sing paling keri kuwi”Sapa sing kandha kaya iku” pitakone sereng.

“Lho, njenengan rak asring kandha, ing antarane sambel-sambel Sing wis nate panjenengan rahapi, sambel gaweyanku klebu paling enak, iya ta”‘ kandhane Risti polos.

Baskara legeg. Kudu diakoni, sambel gaweyane Risti pancen enak. Jare wong tuwa-tuwa, gawe sambel kuwi tangan-tanganan. Beda tangan beda rasa. Jarene, wong wadon yen bisa nyambel enak rasane uga.. ah, Baskara nyoba ngipatake angen angene sing nggladrah kuwi. Nanging ora bisa. Dheweke kebacut percaya marang gugon-tuhon manawa sambel ana sambung rapete karo bab rasa. Priye mengko yen sambel gaweyane Risti dadi kondhang lan wong lanang-lanang sing tau ngrasakake sambel kuwi banjur padha penasaran sapa sing gawe. Sapletik rasa cemburu dumadakan ngobong dhadhane. Ah, ora! Risti ora kena dodolan sambel. Baskara ora lila yen bojone gawe sambel kanggo wong liya.

“Kowe ora kena dodolan sambel. Aku ora setuju,” kandhane Baskara tegas.

“Lho, Iha geneya, Mas? Aku yakin, sambelku mengko mesthi bakal laris manis, Angkahku sambele mengko tak kemas cilik-cilik, taktitipake ing warung-warung lan angkringan. Aku nguwasani resep pitulikur jinis sambel lan njenengan wis ngrasakake kabeh. Yen saben dina sambele takganti-ganti mesthi sing tuku ora bakal bosen.” Kandha kaya mangkono mripate Risti karo nrawang adoh. Mbayangake racikan sambel gaweyane kanthi bumbu rahasia resep saka leluhure, mbayangake wong-wong sing padha kepedhesen lan ngeces merga ngrahapi sambele, mbayangake wong-wong sing padha ketagihan lan nggoleki tunggale, mbayangake dhuwit sing bisa dirayuk saka keprigelane nguleg sambel. Geneya biyen-biyen kok ora tau kepekiran. Ah, blyasane idhe pancen lagi mencungul ing kahanan kepepet “Rasah aeng-aeng arep dodolan sambel. Aku ora sarujuk Swarane Baskara sing tegas nyendhal angen-angene Risti sing ngumbara adoh.

Risti nyawang Baskara. Wang lanang kuwi saiki ulate katon peteng. Apa sing salah? Batine Risti.

Mas, aku rak mung saderma pengin nanjakake amplop pungkasan iki aja nganti entek muspra. Kanthi ngrintis usaha, saora-orane dhuwite bakal luwih awet lan awake dhewe ora nganti karan kaya sing wingi-wingi.

Baskara bisa nampa aiasane sing wadon anggone pengin bukak usaha, kanggo nanjakake pesangone sing ora sepiraa. Ning Deweke tetep ora setuju yen sing wadon dodolan sambel.

"Iya, aku ora nglarang kowe bukak usaha. Ning aja sambel,” kandhane kanthi swara sing luwih alus. Baskara sadhar marang kawinatesane. Minangka wong lanang dheweke durung bisa nyembadani kebutuhan lumrahe wong omah-omah. Geneya?” pitakone Risti ora mudheng. Geneya sing lanang ora ngidini dheweke dodolan sambel.

“Ayo takkandhani alasane," Baskara ngglandhang tangane Risti. Digeret mlebu kamar. Pengin ngerti geneya aku ora setuju kowe dodolan sambel” petakone sawise tekan njero kamar. Tangane loro karo nyekel tangane sing wadon, mripate nyawang lembut marang wanita iku.

"Apa, Mas?” Risti ganti pitakon karo nantang panyawange sing lanang. Nanging kalah perbawa, dadine mung trima ndhingkluk lan alon sirahe disendhekake ing dhadhane wong lanang kuwi.

‘Sambele khusus kanggo aku wae. Sebab aku ora pengin berbagi sambel karo sapa wae. Kuwi alasanku," bisike Baskara.

‘Njenengan ki ra mutu. Ning ra pa-pa. Wong aku uga wis kebacut tresna.”

Risti ngruket sing lanang. Prekara lukete sambel sing marakake sing lanang ora lila berbagi kuwi wis ora mampir ing pikiran. Sing ana ing pikirane mung lukete tresna. Tresna kang mahanani Risti kuwat ngadhepi kanyatan urip sing pedhes. Kaya pedhese sambel.

 

Dening : Ardini Pangastuti BN | Panjebar Semangat

Komentar atas Cerito Cekak Boso Jowo : Sambel

Pemdes Gedangrejo 28 Agustus 2017 07:53:34 WIB
Saget pak. Kirim mawon lewat WA 0896-0866-0234
Andang Waluyo 27 Agustus 2017 17:17:27 WIB
Boleh urun geguritan?

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung

Kabar Desa Gedangrejo

Fitur Desa Gedangrejo

Laporan Dana Desa Gedangrejo WhatsApp Desa Gedangrejo Cek Status Permohonan KTP Perpustakaan Desa Gedangrejo